Selasa, 27 September 2011

Nyong Pik

Pik. kuwe panggilan namane nyong. Angger aran asline sih ana tapi nyong emoh nyebutna soale engko pada kenala kabeh amring nyong. hahahahha. Wis, diundang Pik bae ya eben pada gampang dan kelingan.

Nyong asli wong Tegal. Tegal is Laka-Laka. Angger diartikna kue TEGAL NGGAK ADA DUANYA ;) . Dari SD, SMP, SMA ning Tegal terus, maklum ya nyong durung kerja dadine esih ngintil wong tuwa. Nah bar lulus SMA nyong ngeranto ning Karawang. Ning Karawang nyong melu mbakyune sing wis kerja ning kana. 

Trus, pirang-pirang wulan nyong urung olih kerjaan kayonge tah ana pitung wulanan ( sue nemen sung soale golet kerjaan angel nemen :'(   ). Nah akhire nyong keterima ning Indomaret ning tempatna ning Cikampek cumane nyong mung telu wulan tok dadi pramuniaga. Lekas kui nyong diterima ning PT. MIU sing panggonane ning Bandung. nyong di kerjakna ning PT. PLN APJ Karawang. Tahun pertama dadi officer, taun ke lorone dadi tukang dandan listrik trus tahun ping telune ning Gardu Induk ning Kawasan KIIC. 

Nah... bar kerja nyong kuliah ning Karawang. Asale kuliah mah cuma golet kesibukan soale angger prei ato balik kerja ora ana kerjaan dadine ya wis kuliah, eh jebule olih kanca akeh. Kuliah ning STMIK "....................."  Jurusan...... (na baelah, xixixi ) Lulus taon 2010. Pas kuwe nyong pengen kerja sing liane. Pengen golet sing apik maning oh ceritane eben bisa go urip ning ngarep. Akhire nyong daftar ning Kementerian Sosial RI, awalnya iseng-iseng... eh Alhamdulillah ya.. sesuatu banget nyong keterima..

Nah, semenjak kui nyong siki uripe ning Lembang, Bandung. Jebule ning Lembang atis nemen sung. Nyong ora nyangka. Sampe-sampe nyong jarang adus pas ning Lembang. Tapi sikui wis cocok suasane karo cuacana.

Nah kui.... Proses nyong siki. Mung angger pan kenal karo nyong ya wis oh gabung ning Blog kene karo Facebook apa twitter ya...

Salam Ngeblog  ;) 

0 komentar:

Posting Komentar

Biasanya kesempurnaan bila ada tambahan, so beri komen ya buat kesempurnaan blog ini... :)